Gerhana ing sasi Suro:

Iku ngalamate akeh wong pitenah, lan akeh wong kacilakan.

Gerhana ing sasi Sapar.

Iku ngalamate segoro surut lan kali akeh kang asat. Larang udan, nanging akhire akeh angin lan udan.

Gerhana ing sasi Mulud.

Iku ngalamate bakal akeh udan lan angin.

Gerhana ing sasi Robi'ul akhir.

Iku ngalamate akeh wong sugih ngalih panggonan, wong kang cupet akeh kang podo kangelan.

Gerhana ing sasi Jumadil awal.

Iku ngalamate akeh udan thathit lan bledeg sesamberan.

Gerhana ing sasi Jumadil Akhir.

Iku ngalamate lana sakehing tetanduran, gogo gampang pakolehe. Murah gampang golek pangan, murah kang sarwo tinuku, gampang golek kanikmatan.

Next>>
[ kembali ]


XtGem Forum catalog