Extrabonus Rp.200.000.Berani..?
Gerhana ing sasi Rejeb.
Iku ngalamate akeh wong kacingkrangan 'kekurangan'. akeh wong padudon, akeh bilahi lan akeh bledeg sesamberan.
Gerhana ing sasi Ruwah.
Iku ngalamate wong nenandur kabecikan, akeh wong manjurung puji.
Gerhana ing sasi Poso.
Iku ngalamate akeh wong bungah-bungah, nanging ono pageblug.
Gerhana ing sasi Sawal.
Iku ngalamate akeh barat gede, panggede podo tukaran, akeh leloro lan pepati.
Gerhana ing sasi Dulkaidah.
Iku ngalamate akeh lesus 'angin gede'. Kekayon akeh sol angowahake bumi.
Gerhana ing sasi Besar.
Iku ngalamate akeh wong kang podo bungah, lan akeh wong podo munggah kaji asuko-suko.